Asal Mula Aksara Jawa


Asal Mula Aksara Jawa

Bapak Moch. Choesni nggathukake kelairane aksara Jawa anyar karo tekane muhibah utawa kunjungan persahabatan saka Tiongkok menyang tanah Jawa (Majapait) kang dipandhegani Laksamana/ Jendral Cheng Ho (Jeng Ho) kanthi ngirid wadyabala pirang-pirang ewu cacahe sikep gegaman. Ing rubrik Opini koran Jawa Pos Senen, 15 Agustus 2005, kanthi irah-irahan Cheng Ho dan Nebula China, Dr. Asvi Warman Adam (ahli peneliti LIPI Jakarta) nyebutake ekspedisi kapisan numpak prau cacah 300 kanthi penumpang 27.000. Ma Huan, penerjemah sing wis ngrasuk agama Islam, uga melu dadi penumpang.
       Bapak Moch. Choesni nyangga-runggekake (meragukan) apa bener tekane caraka kanthi sandiyuda Sam Poo Kong sing diwerdeni tiga perkasa pembalas dendam samono akehe iku ‘kunjungan persahabatan’ kang tulus? Apa ora ana gandheng-cenenge karo pangrabasane wadya bala Tiongkok kang sumedya nguwasani Singasari sing digagalake dening Raden Wijaya lan Arya Wiraraja dhek taun 1293? Ma-ga-ba-tha-nga alias “mangga batangen”, mangkono pepuntoning andharan sawise ngonceki kanthi njlimet surasane ha-na-ca-ra-ka (ana utusan), da-ta-sa-wa-la (tanpa peperangan), lan pa-dha-ja-ya-nya (padha jayane, kasembadan sedyane). Ing ngarep wis diaturake, secara tradisional urutan abjad ha-na-ca-ra-ka digathuk-gathukake karo legenda Aji Saka.
Nanging data literer nuduhake menawa naskah utawa teks sing ngemot urutan utawa abjad ha-na-ca-ra-ka ora mesthi digathukake karo legenda kasebut. Upamane Serat Sastra Gendhing, Serat Centhini, Serat Sastra Harjendra, Serat Saloka Jiwa, lan Serat Retna Jiwa. Kabeh serat (buku/tulisan) kasebut isi abjad ha-na-ca-ra-ka kagandhengake karo filsafat utawa ngelmu kasampurnan. Ing buku HA NA CA RA KA (Bp. Slamet Riyadi), ing perangan kang ngrembug bab makna filosofis ha-na-ca-ra-ka, dibabar ora kurang saka 20 warna filsafat ha-na-ca-ra-ka miturut daya nalar, wawasan, lan tujuane sing gawe makna filosofis dhewe-dhewe. Ing majalah Jambatan kasebut ing ngarep ana nem jinis makna filosofis. Durung kalebu sing ana makalah-makalah liyane.
Beda karo kang kasebut ing Serat Manikmaya, Serat Aji Saka, lan Serat Momana sing padhadene nggathukake karo legenda Aji Saka. Ing buku-buku kasebut abjad ha-na-ca-ra-ka diarani sastra sarimbagan. Jalaran larikan kapisan abjad Jawa anyar iku unine ha-na-ca-ra-ka, mula luwih dikenal kanthi jeneng carakan kaya ing Sundha lan Bali. Miturut panalitine Prof. Dr. Poerbatjaraka, Serat Manikmaya dikarang dening Kartamursadah ing jaman Kartasura, ing taun 1740 Jawa utawa taun 1813 Masehi.
Dene abjad Jawa sing luwih tuwa diarani ka-ga-nga, awit manut wewaton abjad Devanagari ka-kha-ga-gha-nga. Serat Manikmaya ditedhak (disalin) dening Panambangan, punggawa Mangkunagaran, lan ing taun 1981 dibabar dening Departemen Pendidikan dan Kebudayaan kanthi irah-irahan Manikmaya. Apa ana naskah liyane isi legenda Aji Saka sing luwih tuwa tinimbang Serat Manikmaya, durung kaweruhan, awit miturut Wiryamartana naskah-naskah saliyane Serat Manikmaya sing ana abjad hanacaraka-ne keh-kehane ditulis ing wiwitane abad XIX. Yen ta Serat Manikmaya mujudake naskah sing paling tuwa, bisa dipesthekake manawa anane abjad ha-na-ca-ra-ka wiwit jaman Kartasura.
Miturut Uhlenbeck, abjad ha-na-ca-ra-ka digunakake sawise adoh lete karo wektu sedane Sultan Agung (1645 M) utawa antarane jaman Amangkurat I lan Amangkurat II. Bisa uga ing jaman Sultan Agung wis ana gagasan bab abjad kasebut. Bab iki adhedhasar data literer anane restrukturisasi (pemugaran) kabudayan Jawa ing jaman Sultan Agung. Upamane, salah siji sing tumekane saiki bisa kita rasakake, yaiku anane pananggalan Jawa. Pananggalan kasebut mujudake gabungan antarane kalender taun Saka karo kalender taun Hijriah. Kajaba saka iku, ing naskah-naskah sadurunge jaman Sultan Agung ora ana abdjad ha-na-ca-ra-ka. Ora bisa kita selaki aksara Jawa kanthi abjad ha-na-ca-ra-ka sing umure wis atusan taun kasebut wis akeh lelabuhane. Cundhuk karo saya majune panalaran lan wawasane sing duwe kabudayan, aksara Jawa minangka perangane kabudayan Jawa, minangka fungsi literer uga tau ngalami owah gingsir mligine ing bab wewaton panulise basa Jawa nganggo aksara Jawa.
Sadurunge Kongres Basa Jawa I ing Semarang sasi Juli 1991, wis ana ada-ada ngruwat abjad ha-na-ca-ra-ka. Patine Dora lan Sembada kanthi memelas amarga dadi korban pemimpin sing mencla-mencle ora netepi janji, dianggep ora cocok karo alam Indonesia Membangun sing mbudidaya ngundhakake pembangunan lair lan batin. Sawatara pemakalah ing Kongres Basa Jawa III ing Yogyakarta Juli 2001, malah gawe ada-ada owah-owahan bab tata panulise basa Jawa nganggo aksara Jawa. Kepriye babaring lelakon aksara Jawa sateruse, iki pancen dadi PR-e sapa bae kang pancen isih padha ngrumangsani melu handarbeni, hangopeni, lan hangrungkebi budaya Jawa. Ature: M. Soemarsono JB 40/LX, 4-10 Juni 2006

0 komentar:

Posting Komentar